PENGERTIAN, MANFAAT, UNSUR, JENIS DAN SINOPSIS DALAM CERITA RAKYAT
A. Pengertian/Pangerten.
B. Manfaat/Mupangate.
C. Unsur.
D. Jenis/Wujud.
E. Sinopsis.
Sinopsis yaiku ringkesan cerita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake cerita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
Cerita Rakyat yaiku cerita kang dicritaake kanthi tedhak-temurun utawa kang wis dados tradhisi teng masyarakat. Cerita rakyat kasebut kacritakake teng maneka werna kahanan, ana teng sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing sumpena, kaliyan sapiturute tumrap bocah-bocah, cerita rakyat ugi bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti. amargi budi pekerti tumrap bocah-bocah.
B. Manfaat/Mupangate.
- Mupangat rekreatif, yaiku menehi rasa tinrim, rena ugi menehi hiburan.
- Mupangat dedaktif, yaiku ndhidik para kang maos amargi nilai-nilai kabeneran kaliyan kaapikan kang ana teng sajroning cerita.
- Mupangat estetis, yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
- Mupangat moralitas, yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maos bisa mangerteni moral kang sae lan elek.
- Mupangat relegiusitas, yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maos.
C. Unsur.
- Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning cerita.
- Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku cerita kang ngemot wektu, papan panggonan lan sosial budaya.
- Paraga yaiku paraga ing sajroning cerita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri, isike, lingkungane, lan sapanunggale.
- Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning cerita.
- Amanat yaiku pesen kang ana ing cerita.
- Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale.
- Konflik yaiku perkara kang dadi punjere cerita.
D. Jenis/Wujud.
- Mitos yaiku cerita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara, utawa langit, tuladhane cerita Nyi Roro Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
- Legedha yaiku cerita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane cerita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane cerita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalantundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
- Dongeng yaiku cerita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.
E. Sinopsis.
Sinopsis yaiku ringkesan cerita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake cerita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
- Tema : Gagasan pokok, pokok cerita.
- Latar : Papan lan wektu dumadine prastawa.
- Alur : Lakuning cerita.
- Penokohan : Paraga cerita.
Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
Semangatterus untuk belajar bahasa jawa
BalasHapusbelajar bahasa jawa sama belajar budaya jawa itu emang mengasyikan
BalasHapus