Geguritan
Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tertentu.Cacahe larik,cacahe wanda,cacahe pada,tembung tembung kang dipilih,lan surasane kabeh merika utawa bebas.Gumantung net atine kang nggurit.Ana kang nganggo lelewana basa tinamtu,uga ana kang biasa biasa wae.
Titikane Geguritan
1. Ora kawengku ing pathokan
2. Nggunakake tembung kang pinilih
3. Ora nggunakake basa padinan lan arang nggunakake tembung pangiket
4. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
5. Isine mentes
2. Nggunakake tembung kang pinilih
3. Ora nggunakake basa padinan lan arang nggunakake tembung pangiket
4. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
5. Isine mentes
Babagan kang kudu digatekake nalika gawe geguritan, yaiku:
1. Pamilihing tembung
2. Wirama
3. Sandhanganing basa kang arupa purwakanthi, dwipurwa, dwilingga, seselan –um- lan –in-, lsp.
Isining geguritan:
4. Irah-irahan: gambaran saka isi (nanging ana geguritan sing ora ana irah-irahane)
5. Tema : idhe baku kang dadi dhasare geguritan
6. Amanat : piweling sing ana ing sajroning geguritan
7. Diksi : pamilihe tembung (bisa migunakake majas, frasa, lan klausa)
8. Retorika : alat kanggo nggambarake sing arep diandharake ana ing sajroning geguritan
Geguritan kaperang dadi loro:
Geguritan kaperang dadi loro:
1. Gurit kuna
2. Gurit anyar utawa geguritan
Gurit kuna duweni pathokan:
1. Diwiwiti tembung sun nggegurit
2. Cacahe wanda saben sagatra pada
3. Tibane swara ing pungkasan gatra runtut
Tuladha Geguritan
Majune Zaman
Dening :Ari Kurniawan
Majune zaman cepet banget
Awakke dhewe kudu siap karo babagan iku
Pancen ana apike lan ana alane
Kudu bisa mbedakke hal kasebut
Ora mungkur pitutur becik kang ana
Ora mungkur adat budaya kang ana
Ora mungkur nilai luhur kang ana
Ora mungkur budaya Jawa kang ana
Tetep nglakoake ajaran kasebut
Sanajan majune zaman wis kedadean
Mergo pitutur iku
Agawe urip kita tentrem
Sumber: Gegaran nyinau basa jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA
Semoga bermanfaat untuk temen temen
BalasHapussemoga bermanfaat buat generasi penerus ya, khususnya orang jawa asli
BalasHapusPerlu dilestarikan
BalasHapus