Sesorah
Sesorah iku saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang tijunokake marang wong akeh ( masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-ungguhe.
A. Maca lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah
Saka tuladha ringkes teks sesorah, bisa ditemokake ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku:
1. Irah-irahan
2. Salam pambuka
3. Pakurmatan
4. Purwaka basa utawa pambuka
5. Wos utawa isine sesorah
6. Andharan wose sesorah (yen prelu)
7. Pangarep-arep (pangajab)
8. Wasana basa utawa panutup
9. Salam panutup
B. Nanggapi pokok-pokok isine teks sesorah
Sesorah iku cak-cakane mung sairing, tegese kang aktip tumindak mung kang sesorah, dene kang ngrungokake ora duwe wenang liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isine sesorah ora bisa diwedharake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tatacarane wong menehi panemu tumrap isine sesorah kudy nggunakake basa kang ngajeni uatawa sopan. Supaya bisa nagnggapi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur, sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggapi. Kanthi mangkono, kang naggapi bisa nentokake basa ngoko, krama, utawa krama alus.
C. Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan
Kaya kang kaandharake ing ngarep menaw ragangan (struktur) wing gumathok, yaiku irah-irahan; salam pambuka; pakurmatan; purwaka basa utawa pambuka; wos utawa intine sesorah; andharab wose sesorah; (yen pleru); pangajeng-ajeng (pangajab); wasana basa utawa panutup; lan salam panutup. Sawise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basamu dhewe.
D. Maca teks sesorah kanthi nyuwara
Manca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kudu bisa ngucapke kanthi;
1. Suara kang cukup supaya bisa dirungokake kanthi cetha lan kepenak
2. Kedal kang cetha (swarane tembung siji lan sijine kudy jelas bedane)
3. Ujar napas kang pener ( gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca)
Sumber :
Gegara nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA YUDHISTIRA
https://youtu.be/3rxf4K1zYjY
Membantu
BalasHapusSangat membatu kak
BalasHapus👍👍
BalasHapusMantab
BalasHapusKerjakan 😊👍👍
BalasHapusMantap zidaaan
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusTetap semangat dalam menyampaikan hal2 baik tentang Bahasa Jawa. Semoga Bahasa Jawa semakin jaya.
BalasHapusTetap semangat dalam menyampaikan hal2 baik tentang Bahasa Jawa. Semoga Bahasa Jawa semakin jaya.
BalasHapusMantap.tetap semangat berbagi ilmu😀
BalasHapusOkelah
BalasHapuslanjutkan biar bahasa jawa tak punah ditelan jaman
BalasHapus