Senin, 20 Januari 2020

Geguritan

Geguritan

Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tertentu.Cacahe larik,cacahe wanda,cacahe pada,tembung tembung kang dipilih,lan surasane kabeh merika utawa bebas.Gumantung net atine kang nggurit.Ana kang nganggo lelewana basa tinamtu,uga ana kang biasa biasa wae.
Titikane Geguritan
1. Ora kawengku ing pathokan
2. Nggunakake tembung kang pinilih
3. Ora nggunakake basa padinan lan arang nggunakake tembung pangiket
4. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
5. Isine mentes
Babagan kang kudu digatekake nalika gawe geguritan, yaiku:
1.     Pamilihing tembung
2.      Wirama
3.      Sandhanganing basa kang arupa purwakanthi, dwipurwa, dwilingga, seselan –um- lan –in-, lsp.
Isining geguritan:
4.      Irah-irahan: gambaran saka isi (nanging ana geguritan sing ora ana irah-irahane)
5.      Tema        : idhe baku kang dadi dhasare geguritan
6.     Amanat    : piweling sing ana ing sajroning geguritan
7.      Diksi         : pamilihe tembung (bisa migunakake majas, frasa, lan klausa)
8.     Retorika   : alat kanggo nggambarake sing arep diandharake ana ing sajroning geguritan
Geguritan kaperang dadi loro:

1.   Gurit kuna

 2.   Gurit anyar utawa geguritan

Gurit kuna duweni pathokan:

1.     Diwiwiti tembung sun nggegurit
2.    Cacahe wanda saben sagatra pada
3.     Tibane swara ing pungkasan gatra runtut


Tuladha Geguritan

Majune Zaman
Dening :Ari Kurniawan


Majune zaman cepet banget
Awakke dhewe kudu siap karo babagan iku 
Pancen ana apike lan ana alane 
Kudu bisa mbedakke hal kasebut
                        
                         Ora mungkur pitutur becik kang ana 
                         Ora mungkur adat budaya kang ana
                         Ora mungkur nilai luhur kang ana
                         Ora mungkur budaya Jawa kang ana

Tetep nglakoake ajaran kasebut
Sanajan majune zaman wis kedadean
Mergo pitutur iku
Agawe urip kita tentrem



Sumber: Gegaran nyinau basa jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA
               http://tresnajawi.blogspot.com
               https://www.synaoo.com/

Aksara Rekan

Aksara Rekan

Basa Jawa kang biyen mung nganggo Jawa tansah omah, amarga titikane apa wae kamg urip iku mesthi owah. Basa Jawa kang biyen mung nganggo tembung-tembung Jawa, saya suwe saya kalebon tembung-tembung manca. Tembung-tembung mau akeh-akehe saja basa Arab lang basa Inggris. Kanggo ngawekani panulise tembung-tembung manca kang ora ana tembung jawane, kira-kira taun1996 kawetokake pranatan panulise aksara Jawa lumantar Yayasan Pustaka Nusantara. Ing kana salah sawijine bab ngandharake anane aksara rekan lan aksara pasangane

Aksara rekan iku anan lima, yaiku :



A. Maca aksara Jawa rekan



B. Nulis pargraf aksara Jawa kang ngemu aksara rekan
Nulis paragraf aksara Jawa iku padha karo nulis ukara disambung-sambung. Kang perlu digatekake, menawa nulis ukara Jawa kudu diwiwiti nganggo adeg-adeg lang dipungkasi nganggo pada lungsi, nanging yen nulis ukara sajrone paragraf, ora prelu saben ukara diwiwiti nganggo adeg-adeg, kajaba ukara sapisan wae.

Sumber : Gegara nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA

Materi Bahasa Jawa

PENGERTIAN, MANFAAT, UNSUR, JENIS DAN SINOPSIS DALAM CERITA RAKYAT

A. Pengertian/Pangerten.
      
 Cerita Rakyat yaiku cerita kang dicritaake kanthi tedhak-temurun utawa kang wis dados tradhisi teng masyarakat. Cerita rakyat kasebut kacritakake teng maneka werna kahanan, ana teng sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing sumpena, kaliyan sapiturute tumrap bocah-bocah, cerita rakyat ugi bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti. amargi budi pekerti tumrap bocah-bocah.


B. Manfaat/Mupangate.
  1. Mupangat rekreatif, yaiku menehi rasa tinrim, rena ugi menehi hiburan.
  2. Mupangat dedaktif, yaiku ndhidik para kang maos amargi nilai-nilai kabeneran kaliyan kaapikan kang ana teng sajroning cerita.
  3. Mupangat estetis, yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
  4. Mupangat moralitas, yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maos bisa mangerteni moral kang sae lan elek.
  5. Mupangat relegiusitas, yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maos.  

C. Unsur.
  1. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning cerita.
  2. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku cerita kang ngemot wektu, papan panggonan lan sosial budaya.
  3. Paraga yaiku paraga ing sajroning cerita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri, isike, lingkungane, lan sapanunggale.
  4. Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning cerita.
  5. Amanat yaiku pesen kang ana ing cerita.
  6. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale. 
  7. Konflik yaiku perkara kang dadi punjere cerita.

D. Jenis/Wujud.
  1. Mitos yaiku cerita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara, utawa langit, tuladhane cerita Nyi Roro Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
  2. Legedha yaiku cerita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane cerita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane cerita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalantundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
  3. Dongeng yaiku cerita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.

E. Sinopsis.
    Sinopsis yaiku ringkesan cerita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake cerita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
  1. Tema                  : Gagasan pokok, pokok cerita.
  2. Latar                  : Papan lan wektu dumadine prastawa.
  3. Alur                   : Lakuning cerita.
  4. Penokohan         : Paraga cerita.
      Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsis.



Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA    

Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi

KINANTHI

 Tembang kinanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in iki tegese padha karo ater-ater di-. Dadi, kinanthi tegese dikanthi, dituntun, digandheng, utawa diarahake.

A. Maca, nanggapi lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan 



  • Pupuh kinanthi ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). Sapada tembang kinanthi iki kawiwitan saka tembang marma tekan tembang utami.
  • Guru gatra saben sapada tembang Kinanthi ana 6 gatra utawa larik.
  • Guru lagune tembang Kinanthi yaiku : u, i, a, i, a, lan i.
  • Guru wilangane tembang Kinanthi iku: 8, 8, 8, 8, 8, lan 8.
  • Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang kinanthi, biasane ditulis: 8u, 8i, 8a, 8i, lan 8i.


Sumber: Gegara nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA YUDHISTIRA

Minggu, 19 Januari 2020

Materi bahasa jawa sesorah

Sesorah



Sesorah iku saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang tijunokake marang wong akeh ( masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-ungguhe.

A. Maca lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah 

Saka tuladha ringkes teks sesorah, bisa ditemokake ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku:
1. Irah-irahan
2. Salam pambuka
3. Pakurmatan
4. Purwaka basa utawa pambuka
5. Wos utawa isine sesorah
6. Andharan wose sesorah (yen prelu)
7. Pangarep-arep (pangajab)
8. Wasana basa utawa panutup
9. Salam panutup

B. Nanggapi pokok-pokok isine teks sesorah
Sesorah iku cak-cakane mung sairing, tegese kang aktip tumindak mung kang sesorah, dene kang ngrungokake ora duwe wenang liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isine sesorah ora bisa diwedharake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tatacarane wong menehi panemu tumrap isine sesorah kudy nggunakake basa kang ngajeni uatawa sopan. Supaya bisa nagnggapi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur, sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggapi. Kanthi mangkono, kang naggapi bisa nentokake basa ngoko, krama, utawa krama alus.

C. Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan
Kaya kang kaandharake ing ngarep menaw ragangan (struktur) wing gumathok, yaiku irah-irahan; salam pambuka; pakurmatan; purwaka basa utawa pambuka; wos utawa intine sesorah; andharab wose sesorah; (yen pleru); pangajeng-ajeng (pangajab); wasana basa utawa panutup; lan salam panutup. Sawise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basamu dhewe.

D. Maca teks sesorah kanthi nyuwara
Manca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kudu bisa ngucapke kanthi;
1. Suara kang cukup supaya bisa dirungokake kanthi cetha lan kepenak
2. Kedal kang cetha (swarane tembung siji lan sijine kudy jelas bedane)
3. Ujar napas kang pener ( gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca)


Sumber :
Gegara nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA YUDHISTIRA
https://youtu.be/3rxf4K1zYjY